Saturday, March 26, 2016

Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 TA 2015/2016

Posted by Blogger Name. Category: , ,

Jendral Sudirman

         Jendral Sudirman kawentar minangka ahli perang Gerilya lan semangate makantar-kantar jroning nggulawenthah TKR nganti TNI.
         Nalika Sudirman pangkate kolonel wis dadi panglima Devisi Banyumas, nalika tanggal 18 Desember 1945, Sudirman ditetepake dadi Panglima Besar TKR kanthi pangkat Jendral.
         Nalika Ngayogyakarta dijeki Walanda, Jendral Sudirman ninggalake Ngayogjakarta mimpin pasukan TNI kanggo nganakake Gerilya marang Walanda. Pitungsasi sasi lawase Jendral Sudirman dadi pandoming rakyat Indonesia. Panjenengane tansah angudi amrih langgenge Negara Republik Indonesia sabanjure Jendral Sudirman ditetepake minangka Bapak TNI.

I.    Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang kok anggep paling bener!
1.    Jendral Sudirman kasebut dadi ....
       a.   Bapak BKR             b. Bapak TKR       c. Bapak TNI                     d.   Bapak Koperasi          
2.    Jendral Sudirman kawentar minangka ahli perang Gerilya. Kawentar tegese  …
       a.   Julik                          b.kondhang                    c.                  Ahli              d.   Mimpin
3.    Amarga tansah nggulawenthah TNI, mula Jendral Sudirman ditetepake dadi pahlawan. Tembung nggulawenthah tegese  …
a.   nglatih                      b.ndhidhik                      c. ngadani                    d.   ngopeni     .
4.   Pahlawan mulih aran awit bekti bangsa
      “Mulih aran” ing cuplikan geguritan dhuwur tegese …..
      a.   seda ing paprangan                                c.   mulih nggawa jeneng
      b.   menang mungsuh penjajah                     d.   pahlawan mulih saka perang
5.   Kang kalebu tembang macapat kaya ing ngisor iki, kajaba  ....
      a.   Ilir-ilir                       b.      Mijil              c.   Kinanthi                         d.   Maskumambang
6.   Pahlawan wutahing ludiramu nyiram ibu pertiwi. Tembung “ibu pertiwi” ing geguritan iku tegese  ….
      a.   tanah garapan                                         c.   tanah jajahan
      b.   tanah perdikan                                       d.   tanah kelahiran.
7.   ?pezetnFinphlwn¿.
      Tulisan jawa ing dhuwur macane ....
      a.   pengetan dina pahlawan                        c.   mangetani dina pahlawan
      b.   mengeti dina pahlawan                          d.   dina pahlawan dipengeti
8.   Naskah ing crita drama diarani  ...
      a.   sinopsis                        b.   prolog           c.   epilog                                d.   skenario
9.   Ukara pambuka kanggo ngiringi crita diarani ....
      a.   Monolog                      b.   Epilog           c.   Prolog                                d.   dialog
10. Sarkawi lan Lomana iku wong pribumi, nanging dadi      ....     walanda
      a.   mungsuhe                    b.   balane           c.   antheke                              d.   panggedhene

II.  Gathukna wangsulan ing sisih kiwa nganggo cara nulis aksarane ana ing njero kothak sing kok anggep bener!
11. Gedhe labete marang pendidikan                                                                   a.   Pantes tiniru
12. Gedhe labete marang nusa bangsa                                                                  b.   macapat
13. Seneng nguwasani darbeke liyan                                                                    c.   Guru
14. Tumindak kang becik                                                                                      d.   pahlawan
15. Gatra, guru lagu, lan guru wilangan                                                                e.   ulama
                                                                                                                              f.    srakah
g.      geguritan
h.       
III. Isenana titik-titik ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

16. Pahlawan iku pawongan kang ngorbanake jiwa raga kanggo  ….
17. Tamam makam pahlawan nasional ing Jakarta jenenge ….
18. Semboyane pahlawan rawe-rawe rantas  ….
19. Dina pahlawan dipengeti saben  ….
20. Pahlwan gugur dadi kusumaning bangsa. Kusuma tegese  ….
21. Kang sinebut Pahlawan Emansipasi Wanita yaiku  ….
22. Sekar Dhandhanggula iku kedadeyan saka      ….     gatra
23. Guru punika pahlawan ingkang tugasipun    …     siswa.
24. Nawala saking eyang kakung surasa basanipun bab kawantenanipun eyang putri anggenipun gerah. Tembung surasa basa tegese ….      
25. Bu RT :  “Assalamu’alaikum”
      Siti       :  “Wa’alaikumsalam,sinten jih?”
      Bu RT :  “Aku ndhuk, Bu RT, ibu ana?”
      Siti       “               ….              “
      Wangsulane siti kang trep karo pacelathon ing dhuwur yaiku ….

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

26. Apa kang diarani pahlawan iku?
      Wangsulan   :  _________________________________________________________________
27. Gantinen nganggo basa krama ukara ngisor iki!
      Dhek wingi sekalahku nganakake upacara peringatan dina pahlawan
      Wangsulan   : _________________________________________________________________
28. Tulisen ngango aksara jawa ukara iki “ Raden Ajeng Kartini”
      Wangsulan   : _________________________________________________________________
29. Tulisen sapada salah sijining tembang macapat!
      Wangsulan   : ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
30. Gaweya ukara perangane layang “wasana basa” kanggo wong tuwamu!
      Wangsulan   : ________________________________________________________________
                             ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                              ________________________________________________________________
                             




TES LESAN

1.   Kang diarani “Pahlawan Tanpa Tandha” Jasa yaiku,  ....
2.   Jendral Sudirman saiki wis mati nglabuhi negara. Tembung “mati” iku salah kang bener  ....
3.   Kang sinebut Kutha Pahlawan yaiku  ....
4.   Pahlawan wutahing ludiramu nyiram ibu pertiwi. Tembung ludira ing geguritan iku tegese  ….
5.   Sajroning nganakake gerilya Jendral Sudirman akeh nemahi rubeda. Tembung rubeda tegese  ...
6.   Saben wiyosanipun RA Kartini dipun wontenaken upacara. Wiyosanipun tegese ....
7.   Bangsa kang gedhe yaiku bangsa kang ngelingi lan ngormati lelabuhane para ....
8.   Pahlawan kang gugur amarga kawengisane PKI diarani pahlawan ....
9.   Semboyane para pejuang kang lagi perang yaiku rawe-rawe rantas ...
10. Satriya awujud buta kang sinebut pahlawan nglabuhi wutah getihe ing negara Alengka yaiku .....

TES PERBUATAN

Wacanen kanthi patitis geguritan ing ngisor iki!

      Dak sebar kembang melathi
      Ing taman makam pahlawan
      Kusuma bangsa kang sejati
      Luhku tumetes … tes … nelesi bumi
      Aku rumangsa dosa

                  Durung bisa melu labuh Negara
                  Amung sekar Mlathi iki
                  Tandha setya lan jajni
                  Bakal melu napak suci
                  Labuh nagri alelandhesan ati suci
                  Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

1.   Wacanen bola-bali geguritan ing ndhuwur!
2.   Tegesana tembung-tembung kang angel, yen perlu pundhutna pirsa marang bapak-ibu guru!.
3.   Yen wis owahana geguritan iku dadi gancaran nganggo basamu dhewe!









Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 TA 2015/2016

0 comments:

Post a Comment

◄ Posting Baru Posting Lama ►
 

Wong Ndelok

Blog Archive