Saturday, October 24, 2015

Soal UAS I Bahasa Jawa Kelas VI SD Semester 1 TA 2015/2016

Posted by Blogger Name. Category: , , ,

Soal UAS I Bahasa Jawa Kelas VI SD Semester 1 TA 2015/2016 - Sebentar lagi kita akan menghadapi Ujian Akhir Sekolah untuk Semester 1 pada Tahun Pelajaran 2015/2016. Untuk itu kami akan berbagi mengenai "Soal Bahasa Jawa untuk Kelas 6 SD" dan juga akan kami lengkapi dengan "Kunci Jawaban Soal Bahasa Jawa Kelas 6 SD pada UAS I TA 2015/2016".

Soal UTS I Bahasa Jawa Kelas VI SD Semester 1 TA 2015/2016


I. Wenehana tanda ping (x) ana ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe jawaban kang trep !

Wacana kanggo pitakon no 1-5
Raden Janaka
Jenengan liyane Raden Janaka antara liya : Arjuna, Permadi, Pamade, Kombang Ali-ali lan isih akeh maneh. Dheweke iku Pandhawa sing nomer telu. Amarga Pandhawa iku ana lima lan Janaka iku nomer telu, mula dheweke uga disebut panengah Pandhawa.
Janaka iku pinter manah, sekti, lan uga pinter perang. Senajan awake cilik lan sawangane tumindake nglemer, nanging sejatine trengginas lan trampil, saben perang mesti menang. Gamane antarane keris pulanggeni lan panah pasopati. Dheweke uga duwe aji panglimunan sing bisa ngilang.

1. Jenengan liya Raden Janaka yaiku ....
a. Arjuna c. Puntadewa
b. Bimasena d. Antareja

2. Pandhawa iku cacahe ana ....
a. 6 c. 4
b. 5 d. 3

3. Panengah Pandhawa iku jenenge ....
a. Puntadewa c. Janaka
b. Werkudara d. Nakula

4. Kapinteran Raden Arjuna yaiku ....
a. prigel ngolahake gada c. duwe kuku pancanaka
b. trampil ing d. pinter manah

5. Pusakane Raden Arjuna yaiku ....
a. Panah Pasopati c. Ketug Lindu
b. Gadha Ruakpolo d. Kuku Pancanaka

6. Bu Guru ... amarga murid-murid padha rame.
a. nesu         c. ngomel
b. duka    d. muni-muni

Pelapuran Hasil Pengamatan1. Sing diamati : Tim Basket SD Budi Mulya Kebumen
2. Pelatih : Bapak Sabar
3. Pemain : 1. Falih (Kapten) nomor dhadha 3
2. Danang nomor dhadha 5
3. Dhani nomor dhadha 6
4. Nanang nomor dhadha 8
5. Galih (cadangan) nomor dhadha 10
6. Fendi nomor dhadha 7
4. Latihan : Selasa lan Setu
5. Kahanan tim : Kompak, pinter-pinter lan sregep
6. Prestasi : Juara 1 tingkat kabupaten, juara 2 tingkat propinsi.

7. Kang diamati miturut wacana ing dhuwur yaiuku ....
a. tim basket SD Budi Mulya Kebumen
b. tim voli SD Nusa Taruna Cilacap
c. tim basket SD Nusa Dua Semarang
d. tim voli SD Budi Mulya Kebumen

8. ?kf=tnilgia=gruswh.
 Tulisan jawa ing dhuwur diwaca .... 
a. Kadang tani saweg nggaru lemah.
b. Kadang tani lagi hanggaru sawah.
c. Kadang tani agi hanggaru lemah.
d. Kadang tani agi nggaru sawah.

Wacana pethilan crita iki kanggo wangsulan pitakon nomor 9-10.
Nonton Badminton
Gandung lagi nonton pertandingan badminton ing TV. Sing main Taufik Hidayat musuh Lin Dan saka negara Cina. Pertandingan mau dianakake ing Indonesia, ngrebutake Piala Sudirman.
9. Irah-irahan wacana ing dhuwur yaiku ....
a. Pertandingan tenis
b. Pertandinga bulu tangkis
c. Nonton Badminton
d. Nonton bal-balan

10. Pertandingan badminton kuwi ngrebutake piala ....
a. Ahmad Yani c. Sudarman
b. Supratman d. Sudirman

11. Umahku karo sekolahan dohe udakara 500 m. Tembung udakara pada tegese ....
a. dawane c. adohe
b. kira-kira d. yen diukur

12. Pak Bardi pegaweane nebang kayu ing alas, mula diarani ....
a. blantik c. pekathik
b. cantrik d. blandhong

13. Dadi bocah aja seneng colong ..., mundhak ora duwe kanca.
a. colonan c. maling
b. njaluk d. njupuk

14. Dedege dhuwur kencur tegese ....
a. dhuwur banget c. cendhek banget
b. dhuwur cendhek d. cendhek dhuwur

15. Senajan wong liya, yen ana usahane melu ngrasakake. Ukara ing dhuwur yen diparibasake ...
a. Durung ilang puput lempuyange.
b. Dudu beras ditempurake.
c. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan.
d. Dom sumurup ing banyu.

16. Pak Jono wungu sare ....
a. Pak Jono lagi turu. c. Pak Jono mapan turu.
b. Pak Jono tangi turu. d. Pak Jono nembe turu.

17. Abang kupinge, tegese ....
a. nesu c. seneng
b. loro d. sedih

18. Yen ora bisa, aja (pinter). Tembung ing jero kurung kudune ....
a. kuminter c. pinter-pinteran
b. dipinteri d. minterake

19. Pak Guru durung rawuh, aku wis ....
a. tindak c. teka
b. kondur d. wangsul

20. Pak Guru : “Kenangapa kowe wingi ora mangkat sekolah, Na ?”
Nana : “ ....”
Pak Guru : “Saiki bapakmu ing endi ?”
Nana : “Wonten griyo sakit”.
Wangsulan Nana ....
a. Bapak badhe gerah. c. Bapak sampun gerah.
b. Bapak saweg gerah. d. Bapak ketingalipun gerah.

21. Watak drengki srei, jail ... kudu disingkirake saka ati.
a. ngeyel c. jawil
b. cethil d. methakil

22. ?s/tinitukugequk\.
Tulisan jawa ing dhuwur diwaca .... 
a. Parti tuku gule. c. Sarti tuku gule.
b. Partini tuku gethuk. d. Sartini tuku gethuk.

23. Bapak ora mihak marang Bambang lan Maman.
Jejer ukara ing dhuwur yaiuku ....
a. Maman lan Bambang c. Bapak
b. Maman d. Bambang

24. Buku diwaos mbah kakung.
Diowah dai ukara tanduk yaiku ....
a. Mbah kakung maca buku. c. Mbah kakung maos buku.
b. Bukune mbah kakung diwaos. d. Waosane mbah kakung buku.

25. Piweling utawa pesen kang ana ing crita, diarani ....
a. tema c. watak
b. alur d. amanat

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung-tembung kang mathuk!
26. Raden Janaka satria ing ....
27. Bapak kondur saking Semarang ... sepedha motor.
28. Ibu sampun siram, Tini wis ....
29. Keris Pulanggeni iku gamane ....
30. Sing dadi kusire Arjuna ing perang Baratayuda jenenge ...
31. ?pitutu/k=becik\.
Tulisan jawa ing dhuwur iku wacane .... 
32. Nulis laporan panaliten iku nggunakake basa kang ....
33. Manawa ora sarujuk tumrap perkara kang diandharake wong lia awake dhewe bisa ngajoakake tanggapan kang awujud ....
34. Cerita Kancil lan Keong iku klebu jenise cerita ....
35. Becik ketitik ala ....

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
36. Aranana sapa bae kang kalebu pandhawa !
Jawab : ...........................................................................................................
...........................................................................................................
37. Tulisen nganggo aksara jawa ukara ing ngisor iki !
Surti lagi masak.
Jawab : ...........................................................................................................
...........................................................................................................
38. Apa wae syarat-syarate kanggo nulis laporan kang becik ?
Jawab : ...........................................................................................................
...........................................................................................................
39. Tulisen 3 bae tanduran kang kalebu pala kependhem !
Jawab : ...........................................................................................................
...........................................................................................................
40. Bapak mulih saka kantor jam lima sore.
Ukara ing dhuwur iku gantinen nganggo basa krama alus !
Jawab : ...........................................................................................................
...........................................................................................................


Baca juga : Kunci Jawaban Soal UAS I Bahasa Jawa Kelas VI SD Semester 1 TA 2015/2016



Terima kasih sudah berkunjung pada artikel yang berjudul "Soal UAS I Bahasa Jawa Kelas VI SD Semester 1 TA 2015/2016" semoga bermanfaat

0 comments:

Post a Comment

◄ Posting Baru Posting Lama ►
 

Wong Ndelok